Al-Quran/Al Qalam
Al-Qalam القلم |
|
---|---|
Informasi | |
Arti | ' |
golongan | Makiyyah |
Juz | Juz 29 |
Statistik | |
Jumlah ruku' | - ruku' |
Jumlah ayat | 52 ayat |
Surat Al-Qalam punika surat ingkang kaping 68, anggadahi 52 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
ن ۚ وَالْقَلَمِ وَمَا يَسْطُرُونَ ﴿١﴾ مَا أَنتَ بِنِعْمَةِ رَبِّكَ بِمَجْنُونٍ ﴿٢﴾ وَإِنَّ لَكَ لَأَجْرًا غَيْرَ مَمْنُونٍ ﴿٣﴾ وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ ﴿٤﴾ فَسَتُبْصِرُ وَيُبْصِرُونَ ﴿٥﴾ بِأَييِّكُمُ الْمَفْتُونُ ﴿٦﴾ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ ﴿٧﴾ فَلَا تُطِعِ الْمُكَذِّبِينَ ﴿٨﴾ وَدُّوا لَوْ تُدْهِنُ فَيُدْهِنُونَ ﴿٩﴾ وَلَا تُطِعْ كُلَّ حَلَّافٍ مَّهِينٍ ﴿١٠﴾ هَمَّازٍ مَّشَّاءٍ بِنَمِيمٍ ﴿١١﴾ مَّنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ أَثِيمٍ ﴿١٢﴾ عُتُلٍّ بَعْدَ ذَٰلِكَ زَنِيمٍ ﴿١٣﴾ أَن كَانَ ذَا مَالٍ وَبَنِينَ ﴿١٤﴾ إِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِ آيَاتُنَا قَالَ أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ ﴿١٥﴾سَنَسِمُهُ عَلَى الْخُرْطُومِ ﴿١٦﴾ إِنَّا بَلَوْنَاهُمْ كَمَا بَلَوْنَا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ إِذْ أَقْسَمُوا لَيَصْرِمُنَّهَا مُصْبِحِينَ ﴿١٧﴾ وَلَا يَسْتَثْنُونَ ﴿١٨﴾ فَطَافَ عَلَيْهَا طَائِفٌ مِّن رَّبِّكَ وَهُمْ نَائِمُونَ ﴿١٩﴾ فَأَصْبَحَتْ كَالصَّرِيمِ ﴿٢٠﴾ فَتَنَادَوْا مُصْبِحِينَ ﴿٢١﴾ أَنِ اغْدُوا عَلَىٰ حَرْثِكُمْ إِن كُنتُمْ صَارِمِينَ ﴿٢٢﴾ فَانطَلَقُوا وَهُمْ يَتَخَافَتُونَ ﴿٢٣﴾ أَن لَّا يَدْخُلَنَّهَا الْيَوْمَ عَلَيْكُم مِّسْكِينٌ ﴿٢٤﴾ وَغَدَوْا عَلَىٰ حَرْدٍ قَادِرِينَ ﴿٢٥﴾ فَلَمَّا رَأَوْهَا قَالُوا إِنَّا لَضَالُّونَ ﴿٢٦﴾ بَلْ نَحْنُ مَحْرُومُونَ ﴿٢٧﴾ قَالَ أَوْسَطُهُمْ أَلَمْ أَقُل لَّكُمْ لَوْلَا تُسَبِّحُونَ ﴿٢٨﴾ قَالُوا سُبْحَانَ رَبِّنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ ﴿٢٩﴾ فَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَلَاوَمُونَ ﴿٣٠﴾ قَالُوا يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا طَاغِينَ ﴿٣١﴾ عَسَىٰ رَبُّنَا أَن يُبْدِلَنَا خَيْرًا مِّنْهَا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا رَاغِبُونَ ﴿٣٢﴾ كَذَٰلِكَ الْعَذَابُ ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ ﴿٣٣﴾ إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ عِندَ رَبِّهِمْ جَنَّاتِ النَّعِيمِ ﴿٣٤﴾ أَفَنَجْعَلُ الْمُسْلِمِينَ كَالْمُجْرِمِينَ ﴿٣٥﴾ مَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ ﴿٣٦﴾ أَمْ لَكُمْ كِتَابٌ فِيهِ تَدْرُسُونَ ﴿٣٧﴾ إِنَّ لَكُمْ فِيهِ لَمَا تَخَيَّرُونَ ﴿٣٨﴾ أَمْ لَكُمْ أَيْمَانٌ عَلَيْنَا بَالِغَةٌ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ۙ إِنَّ لَكُمْ لَمَا تَحْكُمُونَ ﴿٣٩﴾ سَلْهُمْ أَيُّهُم بِذَٰلِكَ زَعِيمٌ ﴿٤٠﴾ أَمْ لَهُمْ شُرَكَاءُ فَلْيَأْتُوا بِشُرَكَائِهِمْ إِن كَانُوا صَادِقِينَ ﴿٤١﴾ يَوْمَ يُكْشَفُ عَن سَاقٍ وَيُدْعَوْنَ إِلَى السُّجُودِ فَلَا يَسْتَطِيعُونَ ﴿٤٢﴾خَاشِعَةً أَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۖ وَقَدْ كَانُوا يُدْعَوْنَ إِلَى السُّجُودِ وَهُمْ سَالِمُونَ ﴿٤٣﴾ فَذَرْنِي وَمَن يُكَذِّبُ بِهَٰذَا الْحَدِيثِ ۖ سَنَسْتَدْرِجُهُم مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ ﴿٤٤﴾ وَأُمْلِي لَهُمْ ۚ إِنَّ كَيْدِي مَتِينٌ ﴿٤٥﴾ أَمْ تَسْأَلُهُمْ أَجْرًا فَهُم مِّن مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُونَ ﴿٤٦﴾ أَمْ عِندَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُونَ ﴿٤٧﴾ فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تَكُن كَصَاحِبِ الْحُوتِ إِذْ نَادَىٰ وَهُوَ مَكْظُومٌ ﴿٤٨﴾ لَّوْلَا أَن تَدَارَكَهُ نِعْمَةٌ مِّن رَّبِّهِ لَنُبِذَ بِالْعَرَاءِ وَهُوَ مَذْمُومٌ ﴿٤٩﴾ فَاجْتَبَاهُ رَبُّهُ فَجَعَلَهُ مِنَ الصَّالِحِينَ ﴿٥٠﴾ وَإِن يَكَادُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَيُزْلِقُونَكَ بِأَبْصَارِهِمْ لَمَّا سَمِعُوا الذِّكْرَ وَيَقُولُونَ إِنَّهُ لَمَجْنُونٌ ﴿٥١﴾ وَمَا هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعَالَمِينَ ﴿٥٢﴾
Alih aksara
[besut]Jarwanipun
[besut]- Nun, demi qalam (alat tulis) sarta apa kang padha ditulis.
- Kelawan kanugrahane Pangeranira, sira (Muhammad) iku dudu wong owah.
- Satemene sira iku tampa ganjaran kang tanpa kendhat salawase.
- Lan satemene sira iku duwe budi pekerti kang luhur.
- Lan sira bakal weruh, sarta dheweke (iya) bakal weruh.
- Sapa ing antarnira kang kadunungan owah?
- Satemene Pangeranira nguningani wong kang kesasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha netepi pituduh bener.
- Mulane sira aja manut wong kang padha maido al-Qur'an.
- Karepe wong kafir sira iku lemesa lan asiha (aja ngaru biru anggone mangro - tingal) wong kafir uga banjur padha lemes lan asih, ora ngelarani marang sira.
- Aja manut wong kang dhemen supata roh pikire ala.
- Tukang nanacat nyeber pangala - ala.
- Menging gawe kebecikan, dhemen nganiaya lan duraka.
- Asor lan ndablek sarta ngaku becik.
- Aja dume wong kang mangkono mahu sugih bondho lan anak.
- Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna".
- Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun).
- Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin).
- Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah.
- Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu.
- Bareng wayah bangun esuk, tandurane mau wis rupa ireng kabeh, kaya wengi kang peteng.
- Ing wayah bangun esuk kang duwe tanduran padha ajak - ajak ngunduhi tandurane.
- Mara padha nilikanan tanduranmu manawa kowe arep ngunduhi.
- Banjur padha mangkat sarta padha rembugan sesidheman.
- Awit dina iki palemahan iki aja nganti kalebon wong miskin.
- Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat nedya jaga palemahane rumangsa bisa nguasani tandurane.
- Bareng deleng tandurane wis dadi awu banjur padha ngucap, "Satemene aku kang luput".
- O, malah aku iki pada kelangan.
- Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah)?".
- Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya)".
- Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh.
- Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura".
- Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate).
- Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa).
- Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na'im.
- Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka?
- Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae?
- Apa sira duwe wewaton Kitabe Allah kang sira waca?
- Metelakake sira kena ngelakoni sakarep - karepe?
- Apa sira nyekel sesanggemaningsun mawa supata, kukuh ora bisa owah nganti tumeka dina Qiyamat, yen sira temen bakal enthik apa pancasanira?
- Padha takonana, dheweke sapa sing tanggung tumrap prakara iku?
- Apa padha duwe kanca kang tunggal panemu, tanggung panemune bakala kaleksanan, menawa temen mangono mara padha nekakna kancane (kang nanggung mau).
- Ing dina bakal anane bilai (Qiyamat) gedhe sarta dheweke bakal padha didawuhi sujud nanging ora bisa (merga gegere kaku).
- Padha konjem tumungkul handeleng mangisor padha rumangsa asor, lan sayekti biyen dheweke padha didhawuhi sujud (sholat) nalika isih padha selamet.
- Mulane togna wae Ingsun sarta sapa - sapa sing padha anggorohake timbalan iki mesthi Ingsun larut kabecikane saka sathithik nganti padha ora krasa.
- Ingsun nyrantekake paniksane wong kafir mau, panglulu mesthi keleksanan.
- Apa sira njaluk pituwas marang dheweke (anggon ira mrathakake dawuh) nganti dheweke nyonggo utang?
- Apa dheweke padha duwe kaweruh barang kang samar - samar (gaib), kang banjur ditulisi?
- Sira mung narimaha nglakoni sakarsane Pangeranira aja kesusu mitrane iwak (kaya Nabi Yunus kang diuntal iwak) kang angaduh aduh nalikane ana sajerone bebaya.
- Yen ta ora ana nugraha saka Pangerane tumeka marang dheweke, mesthi nglumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cacad.
- Tumuli dheweke (Nuh) banjur dipilih dening Pangerane didadekake ewone wong becik.
- Satemene para wong kafir bareng krungu wulangane al-Qur'an amasthi padha nalorong sira kelawan pandelenge, pangucape, "Temen dheweke (Muhammad) iku edan".
- al-Quran iku ora liwat mung wewulang tumrap kabeh bangsa.[2]
Footnote
[besut]- ↑ Tanzil.info
- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala Jaba
[besut]