Panalaran déduksi
Panalaran déduksi iku cara nggawé tingkesan kanthi ningkes prakara umum dadi prakara kusus.[1] Kanthi cara déduksi, prakara diputusaké saka ukumé dhisik banjur buktiné, déné ing induksi carané kawalikané, buktiné dhisik banjur ukumé.[2] Pamikiran cara déduksi diwiwiti saka ngudhari undheraning prakara, tumuli ngudhari kabèh prakara kang magepokan.[3] Adaté, kanthi mangkono kabèh prakara banjur bisa diudhari nganti ora tinemu manèh prakara kang ora cocog.[3] Ing tlatah pamikiring manungsa, déduksi kang sampurna lan nyukupi wewaton iku ana ing èlmu pesthi. Kang paling kondhang ya iku èlmu ukur babagan dhasar anggitané Euclid.[3] Tlatah liyané ya iku logika, ing rangkané, déduksi ora olèh duwé kaluputan, kosokbalèn, utawa kaoracocogan. Awit mangkono, kasilé déduksi iku pesthi utawa mutlak.[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ "Kamus Besar Basa Indonesia". Dibukak ing 19 November 2015.
- ↑ Malaka 1985, kc. 128.
- ↑ a b c d Shadily, kc. 796.
Bibliografi
[besut | besut sumber]- Malaka, Tan (2014). Madilog. Yogyakarta: Narasi. ISBN 9789791683746.
- Shadily, Hasan. Ensiklopedi Indonesia. Jakarta: Ichtiar Baru - Van Hoeve.