Karajan Jenggala
Karajan Jenggala (1042 M nganti 1045 M), iki pecahan saka karajan Kahuripan kang dibagi loro déning prabu Airlangga taun 1042 Masehi utawa 963 Saka. Karajan Jenggala iki ngeliputi wewengkon delta kali Brantas utawa ing kiwa-tengené kabupatèn Sidoarjo saiki, dadi nguwasani pelabuhan-pelabuhan uga kutha krajanne ngewarisi kutha krajan karajan Kahuripan.
Wewengkon kakuasaan Jenggala uga ngeliputi wewengkon Malang, Surabaya, Rembang lan Pasuruan utawa meh kabèh pasisir lor Jawa Wétan.
Sajatiné Prabu Airlangga mecah karajan dadi 4 utawa 5 pérangan ning kang tumuwuh mung Jenggala karo Kadhiri (utawa Pangjalu/Panjalu), malah Jenggala akhire uga hilang amarga nggabung karo Kadhiri. Ana pirang-pirang versi kang nyrita'ake penggabungan Jenggala karo Kadhiri iki, ana kang disebabaké ana perkawinan pulitik antara ratu Kadhiri karo putri Jenggala yaiku putri Kirana uga ana kang nyebut yèn Jenggala kalah perang lawan karajan Kadhiri.
Peninggalan
[besut | besut sumber]Radha angèl nggole' tilas saka karajan Jenggala iki, ana candhi Prada ing dhusun Reno Pencil kabupatèn Sidoarjo ning candhi iku dirusak warga ing taun 1965 (peristiwa G 30 S/PKI).
Ing jaman mbiyèn wektu tata papréntahan ing kabupatèn Sidoarjo tesih nganggo sistem lawas, kabupatèn iki dibagi dadi pirang-pirang Kawedanan (setingkat karo Kacamatan saiki), yaiku antarané ana kang jenenge Kawedanan Jenggala, ning saiki wis dihapus.
Peninggalan liya yaiku kesenian wayang lan uga gamelan Jawa pesat perkembangane ing jaman karajan Jenggala iki, mulane yèn nyrita'ake sajarah kesenian-kesenian Jawa iku mesthi kesebut jeneng-jeneng panguasa katurunan Airlangga iki. Radèn Panji Asmarabangun, putra Lembu Amiluhur iku dianggep kang ngréka wayang wong malah dadi dhalang ing pagelaran wayang ing Kraton Jenggala. Nganti saiki urung ana kepastian apa tokoh Panji Asmarabangun iki padha karo tokoh Panji Rawisrengga kang nganggo gelar Sri Suryawisesa, ratu Jenggala kaping loro, uga urung ana kepastian apa tokoh raden Panji Ino Kartapati (utawa kadhang ingaran Radèn Panji Kasatrian) kang ahli gamelan iku padha karo tokoh Panji Rawisrengga.
Silsilah
[besut | besut sumber]- Lembu Amiluhur
- Panji Rawisrengga lan nganggo gelar Sri Suryawisesa
- Radèn Kudalaleyan lan nganggo gelar Suryaamiluhur
- Panji Rawisrengga lan nganggo gelar Sri Suryawisesa
Ing sumber liya ingaran yèn ratu kapisan karajan Janggala iku JayaNagara, lantes diganti déning putrane yaiku Wajadrawa, Wajadrawa lantes njodohake putine yaiku Putri Kirana karo Raja karajan Kadiri yaiku Kameswara. Perkawinan (pulitik) iki njalari Jenggala lebur ing Pangjalu lan tamat riwayate.
Karajan Kahuripan > Karajan Jenggala > gabung karo Karajan Pangjalu |
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |