Menyang kontèn

Sendhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sendhi yaiku sesambungan antarané balung siji marang balung liyané saéngga balung bisa diobahake. Sesambungane balung loro diarani persendhian (artikulasi).

Komponèn panunjang[besut | besut sumber]

Pirang-pirang komponèn panunjang sendhi:

  • Kapsula sendhi yaiku lapisan mawa serat kang nglapisi sendhi. Ing jeroné ana gronggongan.
  • Ligamen (ligamentum) yaiku jaringan kang wujudé pita kang

kasusun saka serat-serat liat kang ngiket balung siji marang balung liyané ing sendhi.

  • Balung rawan hialin (kartilago hialin) yaiku jaringan balung rawan kang nutupi kekarone pucuk balung. Balung iki duwé fungsi kanggo njaga jeblogan.
  • Cairan sinovial yaiku cuwéran pelumas ing kapsula sendhi.