Menyang kontèn

Polkenbon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lambang Polkenbon

Polkenbon[1] (Walanda: Volkenbond) iku pasamuwan bangsa-bangsa minangka luriné Pasarékatan Bangsa-Bangsa (PBB). Organisasi iki diadegaké nalika tanggal 10 Januari 1920 déning Konferènsi Bedhamèn Paris, sing mungkasi Perang Donya Kapisan. Banjur Polkenbon dibubaraké tanggal 18 April 1946. Kabèh asèt lan organisasiné diwarisaké marang PBB.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Pustaka, Balai. Kajawen 1937 - 1937 (ing basa Jawa).