Komputasi
Tampilan
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/80/Moody_Hall_computer_lab.jpg/220px-Moody_Hall_computer_lab.jpg)
Komputasi iku kabèh kagiyatan sing duwé angkah, migunani, utawa gawé urutan matématis aliyas algoritma nganggo komputer. Komputasi nyakup ngrancang, ngembangaké, lan gawé piranti kasar lan alus; ngolah, nata, lan ngatur rupa-rupa kabar; kanggo nglakoni panelitèn nganggo komputer; gawé sistem komputer tumindak pinter ; uga gawé lan nganggo média komunikasi uga panglipur. Komputasi nyakup tèknik komputer, tèknik piranti lunak, sistem informasi, ngèlmu komputer, lan informasi téknologi.