Menyang kontèn

Kèju édham

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kèju Edam

Edam (Basa Walanda Edammer) inggih punika kèju ingkang asalipun saking Walanda ingkang kanthi tradhisional awujud bunder lan mawi warna kuning terang ugi dipunwungkus mawi parafin lan malam kanthi warna abang.[1]. Kèju punika dipunparingi nama kados makaten amargi kapisan dipundamel ing Edam, Holland Lor[1] Edam ingkang umuripun paling boten 17 minggu dipunwungkus déning malam kanthi warna ireng, sanès abang utawi kuning.[1] Kèju Edam gadhah raos ingkang lembut, radi asin utawi raosipun kados kacang. Kèju punika ugi boten mambu tinimbang kèju sanèsipun.[1] Kèju Edam punika ugi kandhutan lemak langkung andhap tinimbang kèju tradhisional sanèsipun 28 % kanthi kandhutan protéin 25 %.[1] Kèju Edam ingkang modhèren langkung lembut tinimbang kèju sanèsipun kados Kèju Cheddar amargi kandhutan lemakipun ingkang langkung andhap.[1]

Asal mula

[besut | besut sumber]

Kèju Edam dipunparingi nama saking satunggaling kutha pelabuhan alit wonten ing Ijsselmeer, sisih lor Amsterdam.[2][3] Saderengipun keju punika namung dipunproduksi ing pérangan lor provinsi Holland.[3] Nanging sapunika kèju Edam sampun dipunproduksi boten naming ing nagari Walanda, nanging ugi wonten ing Jerman lan nagara-nagara Éropah tengah ugi Éropah lor sanèsipun.[3] Kèju Edam saking Jerman dipundamel kanthi tumut kèju Edam saking Walanda.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sajarah kèju Edam boten saged kapisahaken mawi sajarah kutha Edam papan ingkang kapisan kèju punika dipunproduksi.[4] Nalika abad kaping 12, kathah tani ingkang manggèn wonten ing kutha mau lan miwiti damel kèju.[4] Lajeng kèju-kèju punika dipunkintun marang kathah nagara mawi ngginakaken kapal.[4] Kala punika, kutha Edam gadhah 33 galangan kapal.[4] Pérangan punika dados salah satunggal faktor ingkang damel kèju saged dipuntepangi ing kathah nagara.[4] Kutha Edam pikantuk hak kanggé ngoperasiaken pasar bébas ing taun 1520 déning panguwaos Hapsburg, Charles V.[5] 50 taun salajengipun, Pangeran William saking Orange paring hak awit "Griya Penimbangan Kèju".[5] Griya penimbangan keju ingkang wonten dumugi sapunika dipundamel ing taun 1778 lan pasar keju tansah mlampah dumugi taun 1922.[5] Wontenipun pabrik-pabrik ingkang damel kèju punika dados tandha bubaripun pasar kèju peternakan.[5]

Wujud lan tèkstur

[besut | besut sumber]

Kèju Edam punika wujudipun bunder kanthi diamèter 5 inci lan bobotipun kirang langkung 3 pon.[3] Kèju punika mawi warna kuning emas lan wonten bolongan-bolongan alit ugi tèksturipun padet.[3] Lapisan parafin nutupi keju punika supados boten garing.[3] Lapisan parafin kanthi warna abang kaping satunggal dipun-ginakaken ing abad kaping 14.[2] Kèju Edam mawi lapisan parafin abang kalebet kèju ingkang dipunekspor dhateng njawi Walanda.[6] Déné kèju Edam kanggé konsumsi domestik gadhah kulit alami ingkag tipis lan mawi warna kuning.[6] Punika amargi kèju kanggé ekspor mbetahaken penjagaan langkung amargi lelampahan ingkang tebih.[7] >

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f Official Edam Town website Tourist information.
  2. a b Harbutt, Juliet (2006). The World Encyclopedia of Cheese. Anness Publishing Ltd. ISBN 978-1-84309-960-4. Page 107.
  3. a b c d e f g Dumont's Lexicon of Cheese. Rebo International b.v., Lisse, The Netherlands. 2004. ISBN 978-90-366-1689-8. Page 98-99.
  4. a b c d e Edam Cheese Recipe Archived 2023-04-21 at the Wayback Machine., Cheese Making Recipe.
  5. a b c d Edam Archived 2011-07-24 at the Wayback Machine., Kaasmarkt Edam.
  6. a b Edam Archived 2011-06-13 at the Wayback Machine., Gourmet Food.
  7. The History of Edam Cheese, Edam.com.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]