Menyang kontèn

Habitat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Alas rawa gambut ing Kalimantan dados panggon gesang 927 spesies benten tetuwuhan barbunga lan semak-semak saha wit-witan ingkang dhuwuripun ngantos 70 m.
Sakedhik organisme gesang ing es-es Antartika. Nanging, toya ing ngandhap esipun saged dados habitat kanggo kathah spesies. Kewan kayata penguin sampung adaptasi kanggo gesang ing kahanan adem sanget.[1]

Ing ekologi, habitat ngrujuk dhateng saben sumber, faktor fisik lan biotik ingkang wonten ing satunggaling daerah, ingkang nyengkuyung kalangsungan gesang lan reproduksi spesies tartamtu. Habitat satunggaling spesies saged dipuntingali minangka manifestasi fisik saking kakhususan (niche) ekologisipun. Dados, "habitat" inggih punika istilah ingkang spesifik kangge spesies, beda sanget kaliyan konsep kados lingkungan utawi kelompok tetuwuhan (vegetation), ingkang langkung trep dipunsebut "jinis habitat".[2]

Faktor fisik saged ngewrat (tuladhanipun): lemah, kelembaban, kisaran suhu, lan intensitas cahya. Faktor biotik ngewrat ketersediaan pangan lan wonten botenipun predator. Saben spesies gadhah syarat habitat tartamtu. Wonten spesies habitat generalis ingkang saged gesang ing maneka kondisi lingkungan saha spesies habitat spesialis kersa sakedhik syarat kangge saged gesang. Habitat satunggaling spesies boten kedah wonten ing satunggaling daerah geografis, nanging saged ngewrat njero batang, kayu bosok, watu utawi kelompok lumut; organisme parasit gadhah habitat awujud badanipun inang, bagean saking badan inang (kados saluran pencernaan), utawi satunggal sel ing lebet badan inang.[3]

Jinis habitat inggih punika kategorisasi lingkungan saking maneka lingkungan adhedhasar karakteristik daerah geografis tartamtu, mliginipun tetuwuhan lan iklim.[2] Dados jinis habitat boten ngrujuk dhateng satunggal spesies, nanging dhateng maneka spesies ingkang gesang ing daerah ingkang sami. Tuladhanipun, jinis habitat daratan ngewrat wana, steppe, padang rumput, semi-arid utawi gurun. Jinis habitat toya tawar ngewrat rawa, lepen, danau, lan tlaga; jinis habitat laut ngewrat rawa asin, pesisir, zona intertidal, muara, terumbu, teluk, segara buka, dasar segara, toya jero lan lubang bawah segara.

Jinis habitat saged ewah sairingipun wekdal. Sebabipun ewah-ewahan saged ngewrat prastawa bebata (kados jeblugan gunung geni, gempa bumi, tsunami, kebakaran alami utawi ewah-ewahan arus samodra); utawi ewah-ewahan saged kadadosan langkung alon saben yuta taun kanthi perubahan iklim, nalika lembar es lan glester maju lan mundur, lan nalika pola cuaca ingkang beda ndadosaken perubahan curah udan lan radiasi srengege. Ewah-ewahan sanesipun minangka akibat langsung saking aktivitas manungsa, kados deforestasi, pembajakan padang rumput kina, pengalihan lan bendungan lepen, pengurasan rawa lan pengerukan dasar laut. Mlebunipun spesies asing saged gadhah efek ngrisak tumrap satwa asli – lewat predasi ingkang mindhak, liwat kompetisi sumber daya utawi lewat wontenipun hama lan penyakit ingkang imunitas kanggo nglawanipun boten digadhahi spesies asli.

Sitiran[besut | besut sumber]

  1. Wohlschlag, Donald E. (1968). "Fishes beneath Antarctic ice" (PDF). Australian Natural History. Australian Museum. 16: 45–48. Diarsip (PDF) saka asliné ing 12 April 2021. Dibukak ing 19 July 2021. Beneath the sea ice and the terminal portions of the Ross Ice Shelf and Koettlitz Glacier tongue is an aquatic habitat that has a nearly uniform freezing temperature of Cithakan:Hyphen1.9°C (28.6°F) and a remarkable assemblage of animals.
  2. a b Krausman, Paul R.; Morrison, Michael L. (26 July 2016). "Another plea for standard terminology: Editor's Message". The Journal of Wildlife Management (ing basa Inggris). 80 (7): 1143–1144. doi:10.1002/jwmg.21121.
  3. For example:Swapan Kumar Nath; Revankar, Sanjay G. (2006). Problem-based Microbiology. Problem-based basic science series. Saunders. kc. 314. ISBN 9780721606309. Diarsip saka asliné ing 24 April 2021. Dibukak ing 24 April 2021. [Measles] virus habitat is humans.