Menyang kontèn

Antivirus komputer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Antivirus Komputer

Antivirus komputer ya iku salah sijiné aplikasi kang njaga kaamanan komputer saka infèksi virus.[1] Ana uga kang ngartèkaké salah sijiné piranti alus utawa software kang fungsiné kanggo ndhetèksi virus kang ana ing komputer banjur dibusak virusé kang ana ing sistem komputer.[2] Piranti alus antivirus uga mau Virus protection software.[2] Kanthi piranti alus iki kita bisa ngertèni yèn sistem komputer kena salah sijiné virus utawa ora.[2] Ing lumrahé, [iranti alus iki lumaku ing latar wuri utawa background komputer lan nglakokaké pemindaian marang berkas kang diaksès.[2]

Tetenger komputer kena utawa kainfèksi virus

[besut | besut sumber]
  • Komputer kerjané ora normal kaya ta suwi anggoné prosès (lèlèt)
  • Kerep metu pesen éror utawa anèh-anèh
  • Owahing tampilan ing komputer
  • Komputer kerep restart dhéwé utawa crash nalika lagi dienggo
  • Komputer hang utawa mandhek ngrèspon préntah
  • Hardisk ora bisa diaksès
  • Printer lan piranti liya ora bisa dienggo sanajan ora ana masalah ing piranti atos lan driver piranti alus
  • Kerep ana menu utawa kothak dhialog kang érror utawa rusak
  • Ilangé sapérangan fungsi dhasar komputer
  • Komputer kerep nyoba ngubungaké karo internèt utawa jaringan tanpa dingertèni
  • File kang disimpen ing komputer utawa médhia panyimpenan ilang utawa diumpetaké virus.[3]

Cara kerjané

[besut | besut sumber]

Kerjané antivirus lumrahé nggunakaké tèknik kaya mangkéné:

  1. Tèknik pisanan. Ndhetèksi kanthi migunakaké basis data virus utawa istilah liya ya iku virus signature database.[2] Panggonan salah sijiné virus ing komputer kanthi migunakaké salah sijiné saka kodhe virus kang wis dianalisis déning pangripta antivirus, lan wis dikatalogisasi jumbuh karo jinisé, ukurané, kamampuan mbusak virus lan uga kategori liyané.[2] Kanthi cara iki piranti alus antivirus bisa rikat lan diandhelaké kanggo ndhetèksi virus-virus kang wis dianalisa déning panggawé antivirus.[2]
  2. Tèknik kapindho. Pandhektèsian kanthi cara ndelok pérangan virus iku kerja: Cara kerja antivirus kaya iki wujud panyerakan kang anyar kang disilèh sak tèknologi kang ditrepaké ing Intrusion Detection System.[2] Cara iki kerep dijenengi uga minangka Behavior – blocking detection.[2] Cara iki nggunakaké kabijakan kang kudu ditrepaké kanggo ndhetèksi panggonané salah sijiné virus.[2] Yén ana tetenger ing piranti alus kang ora wajar miturut kabijakan kang ditrepaké, contoné ya iku salah sijiné piranti alus kang nyoba nglakokaké pangaksèsan address book utawa buku alamat kanggo ngirim layang èlektronik kanthi masal marang alamat layang èlektronik kang ana ing sajeroning buku alamaat mau (bab iki kerep digunakaké virus kanggo nularaké marang komputer liya migunakaké jaringan internèt kanthi fasilitas layang èlektronik).[2] Kanthi ngertèni cara kerja virus mau mula antivirus bakal ngendheg prosès kang dilakokaké déning piranti alus mau. Piranti alus antivirus uga bisa ngisolasi kodhe-kodhe kang dicubriyani minangka virus, nganti administrator nemtokaké apa kang bakal dilakokaké.[2] Kauntungan migunakaké cara iki ya iku antivirus bisa ndhetèksi panggonan virus-virus anyar kang durung ditepungi déning basis data virus signature.[2] Antivirus kang migunakaké tèknik behavior-blocking detection iki cacahé isih sitik, nanging ing jaman kang bakal tumeka, kamungkinan kabèh antivirus bakal migunakaké cara iki.[4]

Sapérangan antivirus uga migunakaké 2 métodhe mau kanthi bebarengan.[4]

Manéka antivirus

[besut | besut sumber]

Sapérangan antivirus kang ana ing pasaran produk situs wèb:

  1. eSafe http://www.aks.com
  2. Avast http://www.asw.cz Archived 2009-12-28 at the Wayback Machine.
  3. Anyware AntiVirus http://www.helpvirus.com
  4. Ansav http://www.ansav.com/
  5. AVG Anti-Virus http://www.grisoft.com
  6. Quick Heal http://www.quickheal.com
  7. Vexira Antivirus http://www.centralcommand.com
  8. Command AntiVirus http://www.authentium.com/command/index[pranala mati permanèn]
  9. eTrust http://www.ca.com/virusinfo/
  10. waVe Antivirus http://www.cyber.com Archived 2012-11-02 at the Wayback Machine.
  11. SpIDer Guard http://www.dials.ru Archived 2012-11-01 at the Wayback Machine.
  12. NOD32 http://www.nod32.com
  13. F-Prot Antivirus http://www.f-prot.com Archived 2012-10-29 at the Wayback Machine.
  14. F-Secure Anti-virus http://www.fsecure.com Archived 2007-12-19 at the Wayback Machine.
  15. RAV AntiVirus http://www.rav.ro
  16. AntiVir dan AntiVir Personal Edition http://www.antivir.de
  17. ViRobot, DataMedic, Live-Call http://www.hauri.co.kr Archived 2012-10-16 at the Wayback Machine.
  18. WinProof dan ExcelProof http://www.hiwire.com.sg
  19. Die Klinik http://www.ikarus-software.at
  20. Kaspersky Anti-Virus (AVP) http://www.kaspersky.com
  21. VirusBUSTER II http://www.leprechaun.com.au
  22. email scanning services http://www.messagelabs.com/viruseye/
  23. eScan http://www.microworldtechnologies.com Archived 2012-09-18 at the Wayback Machine.
  24. MKS Vir http://www.mks.com.pl Archived 2012-10-21 at the Wayback Machine.
  25. McAfee Anti-Virus dan McAfee Virus Scan http://www.mcafee.com
  26. InVircible AV http://www.invircible.com Archived 2012-07-01 at the Wayback Machine.
  27. Norman Virus Control http://www.norman.no
  28. Panda AntiVirus dan NanoScan http://www.pandasoftware.com
  29. Per AntiVirus http://www.persystems.com/antivir.htm Archived 2008-02-25 at the Wayback Machine.
  30. Protector Plus http://www.pspl.com
  31. VirusNet PC and VirusNet LAN http://www.safe.net
  32. BitDefender http://www.bitdefender.com
  33. Sophos Anti-Virus http://www.sophos.com
  34. Antigen for Microsoft Exchange http://www.sybari.com
  35. Norton Antivirus dan Symantec Antivirus Corporate Edition http://www.symantec.com
  36. Trend Virus Control System dan PC-Cilin http://www.trendmicro.com
  37. VirusBuster http://www.vbuster.hu Archived 2013-05-24 at the Wayback Machine.
  38. ClamAV http://www.clamav.org Archived 2010-01-10 at the Wayback Machine.
  39. PCMAV-
  40. Windows Live OneCare dan Microsoft ForeFont http://onecare.live.com Archived 2011-05-23 at the Wayback Machine.
  41. ZoneAlarm AntiVirus http://www.zonealarm.com/
  42. BullGuard Antivirus http://www.bullguard.com/.[5]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]