Kutha Semarang
- Kanggo artikel ngenani Kabupatèn Semarang, pirsani Kabupatèn Semarang
| |||
Sesanti: "Semarang Setara" () | |||
Dina Dadi: | 2 Mèi 1547 | ||
Walikutha: | Hendrar Prihadi, S.H. | ||
Wakil Walikutha: | |||
Jembar -Total: |
373,67 km² | ||
Kacamatan -Cacahe: |
16 Kacamatan | ||
Padunung -Total: -Kapadhetan: |
+/-2.067.254 (2012) +/-5.500/ km² | ||
Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
Agama: | Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda | ||
Basa: | basa Jawa lan basa Indonésia |
Kutha Semarang (Pegon: سٓماراڠ, Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) kitha krajan Provinsi Jawa Tengah saha kitha ageng piyambak wonten ing provinsi menika. Ing Indonésia, Kitha Semarang punika dados kitha nomer gangsal kaliyan Padunung ingkang sampun ngancik 2.067.254 jiwa, namung kalah kalihan Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan[1] Kitha menika mapan wonten ing antawisipun 466 km sisih wétan Jakarta, utawi 312 km sisih kulonipun Surabaya lan 624 km sisih kidul-kulonipun kitha Banjarmasin (via udara).[2] Semarang wewatesan ing sisih lor karo Seganten Jawa, ing sisih wétan kalihan Kabupatèn Demak, ing sisih kidul kalihan Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon kalihan Kabupatèn Kendhal.
Géografi
[besut | besut sumber]Wilayah dataran cendhèk ing kitha Semarang punika cekap sempit, inggih punika namung kirang langkung 4 kilomèter saking garis pantai. Dhataran cendhèk menika kawentar kanthi sebatan kitha ngandhap. Kawasan kitha ngandhap menika asring kakenani banjir lan wonten sawetawis kawasan, banjir menika sababipun amargi limpasipun toya seganten (rob). Ing sisih kidul wonten dhataran inggil, ingkang kawentar kanthi sebatan kitha dhuwur, antawisipun kacamatan Candhi, Mijèn, Gunung Pati, lan Banyumanik.
Papréntahan
[besut | besut sumber]Kutha Semarang ketata saking 16 kacamatan, 177 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Semarang yaiku:
- Kacamatan Banyumanik
- Kacamatan Candhisari
- Kacamatan Gajahmungkur
- Kacamatan Gayamsari
- Kacamatan Genuk
- Kacamatan Gunungpati
- Kacamatan Mijén
- Kacamatan Ngaliyan
- Kacamatan Pedurungan
- Kacamatan Semarang Barat
- Kacamatan Semarang Timur
- Kacamatan Semarang Utara
- Kacamatan Semarang Selatan
- Kacamatan Semarang Tengah
- Kacamatan Tembalang
- Kacamatan Tugu
Wiyata
[besut | besut sumber]Ing kutha Semarang ana sawatara pawiyatan luhur misuwur, antarané:
- Universitas Diponegoro (Undip)
- Universitas Negeri Semarang (Unnes)
- Politeknik Negeri Semarang
- UIN Walisongo
- Akademi Kepulisian (Akpol)
- Universitas Dian Nuswantoro Semarang (Udinus)
- P3B/BPLP/PIP (Politeknik Ilmu Pelayaran Semarang)
- Kolese PIKA nyakup Sekolah Menengah Teknik Industri Kayu-SMTIK PIKA, lan Akademi PIKA kanthi jurusan Teknik Industri Kayu (D3) lan Désain Interior (D3)
- Universitas 17 Agustus (UNTAG)
- Universitas Islam Sultan Agung
- Universitas Wahid Hasyim Semarang
- Universitas Katolik Soegijapranata
- Universitas Stikubank
- Universitas Semarang
- Universitas AKI Semarang
- Universitas Muhammadiyah Semarang
- Akademi Statistika (AIS) Muhammadiyah Semarang
- Sekolah Tinggi Ilmu Elektronika dan Komputer (STEKOM) Semarang
- STMIK ProVisi IT College
- AKABA 17 Agustus 1945
- Akademi Kebidanan Abdhi Husada
- IKIP PGRI Semarang
Pariwisata
[besut | besut sumber]- Semarang duwé kagunan budaya warak ngendhog lan dhugdheran sing dianakaké ngadhepi sasi pasa ramadhan.
- Semarang duwé brand wisata Semarang pesona Asia sing diwiwiti pertengahan 2007
- Semarang duwé kutha tuwa Little Netherland sing nyakup kawasan Polder, Stasiun Semarang Tawang, Kreteg berok, Gréja Mblendug lan Lawang Sewu. Saka sajarahé, kutha Semarang yaiku kawasan kang dadi punjer dagang ing abad 18. Kawasan mau saiki dadi kawasan kutha tuwa utawa kutha lama. Wektu iku, kanggo ngamanaké warga lan wewengkoné, mula kawasan iku diyasa bètèng, yaiku bètèng Vijhoek. Kanggo nyepetaké jalur perhubungan antara telu gerbang bètèng, diyasa dalan-dalan perhubungan. Dalan mligi yaiku Heeren Straat kang saiki sinebut dalan Let Jen Oeprapto. Salah sawijiné gerbang kang isih ana nganti saiki yaiku Kreteg Barok, kang sinebut De Zuider Por.
- Komunitas Tionghoa ing Semarang, liwat pakumpulan Kopi Semawis (Komunitas Pecinan Semarang untuk Pariwisata), nganakaké Pasar Semawis, yaiku pasar malam sing adol warna-warna panganan & olèh-olèh kas Semarang, ing laladan pecinan Semarang (laladan Gang Pinggir).
- Shopping center ing Semarang antarané:
- Ciputra Mall ing kawasan Simpang Lima
- Simpang Lima Plaza ing kawasan Simpang Lima
- Java Mall ing kawasan Jangli, MT Haryono kanthi pasar Hypermart lan Matahari minangka anchor tenant
- Sri Ratu Dept Store ing Jalan Pemuda lan kawasan Peterongan MT Haryono
- Ramayana Dept Store ing kawasan Simpang Lima
- Ada Dept Store Siliwangi, Majapahit, Setiabudi lan Fatmawati
- DP Mall kanthi pasar Carrefour sing dumunung ing Jalan Pemuda.
- Ana uga punjer olèh-olèh ing Jalan Pandhanaran, kaya ta bandeng presto, wingko babat, lunpia, lsp.
- Hotèl bintang sing misuwur ing Semarang yaiku Grand Candhi, Ciputra, Horizon, Graha Santika, Patra Jasa, Novotel, Gumaya, Ibis.
Carita bab Asal-usule Jeneng Semarang
[besut | besut sumber]Jeneng Semarang diparingake déning Ki Ageng Pandan Arang minangka bupati sapisan ing kutha iki.[3] Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemu wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang.[3] Kanjeng Bupati banjur ngendika marang para punggawane mangkene: “Para pandherekku kabèh, seksenana,amarga ing papan iki akèh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula iki dakjenengke Semarang”.[3] Saka rong tembung 'asem' lan 'arang'.[3]
Kutha kembar
[besut | besut sumber]Liya-liya
[besut | besut sumber]- Panganan kas Semarang kaya ta lunpia Semarang, témpé mendhoan, soto Bangkong, tahu petis, tahu gimbal, bandeng presto, wingko babat, tahu pong lan sega kucing.
- Semarang duwé slogan Kutha ATLAS (Aman, Tertib, Lancar, Asri lan Sehat) (2005-2009), Semarang Pesona Asia (2010-2013), lan Semarang Setara (2014-saiki).
- Rumah sakit gedhé ing Semarang antarané: RSUP Dr. Karyadi, Rumah Sakit Telogorejo, Rumah Sakit Santa Elizabeth, Rumah Sakit Panti Wilasa Citarum, Rumah Sakit Panti Wilasa Dr. Cipto, RSU PKU Muhammadiyah Roemani, Rumah Sakit Islam Sultan Agung (RSISA), Rumah Sakit Hermina lan Rumah Sakit Umum Laladan Kota Semarang.
- Prusahaan Farmasi antarané Phapros, Saka Farma, Kimia Farma, lan DGPharm.
- Pabrik Jamu antarané Jamu Leo, Jamu Jago
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Situs wèb Kutha Semarang Archived 2011-12-21 at the Wayback Machine. (diksés tanggal 15 Juni 2011).
- ↑ Mandala Air tak Naikan Tarif
- ↑ a b c d Priyantono. (2011). Marsudi Basa lan Sastra Jawa 3. Jakarta: Penerbit Erlangga kaca 14
Deleng uga
[besut | besut sumber]- Pratélan Wali Kutha Semarang
- Kabupatèn Semarang
- Pratélan kabupatèn lan kutha ing Indonésia
- Pratélan Perguruan Tinggi Swasta Ing Jawa Tengah
- Pratélan Perguruan Tinggi Ing Jawa Tengah
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs Web Resmi
- Semarang jaman kuna
- Semarang Jaman Niki
- Peta Semarang Archived 2012-01-11 at the Wayback Machine.
- Séjarah Dampo Awang, nahkodané Laksamana Cheng Ho
- Situs web Nagari Walandhi ingkang ngémot babagan Kutha Semarang
Kutha | Provinsi | Populasi | Kutha | Provinsi | Populasi | |||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|
1 | Jakarta | DKI Jakarta | 9.607.787 | Kutha Semarang |
7 | Dhépok | Jawa Kulon | 1.738.570 |
2 | Surabaya | Jawa Wétan | 2.765.487 | 8 | Semarang | Jawa Tengah | 1.555.984 | |
3 | Bandung | Jawa Kulon | 2.394.873 | 9 | Palembang | Sumatra Kidul | 1.455.284 | |
4 | Bekasi | Jawa Kulon | 2.334.871 | 10 | Makassar | Sulawesi Kidul | 1.338.663 | |
5 | Medan | Sumatra Lor | 2.097.610 | 11 | Tangerang Kidul | Banten | 1.290.322 | |
6 | Tangerang | Banten | 1.798.601 | 12 | Bogor | Jawa Kulon | 950.334 |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |