Menyang kontèn

Charles Messier

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Charles Messier

Charles Messier (26 Juni 173012 April 1817) inggih menika astronom Perancis ingkang kondhang amargi katalog Messier ingkang isinipun babagan obyek-obyek langit dalam, kayata nebula kaliyan gugus bintang, iangkang gunggungipun ngantos 103 ingkang kawentar dados Obyek Messier. Messier sajatosipun tiyang ingkang mburu komet, katalog kasebut dipundamel kangge nuntun kaliyan mbentenaken watara obyek-obyek langit difus ingkang wonten ing posisi tetap kaliyan obyek langit ingkang pindah-pindah.

Kauripan

Messier manika miyos wonten ing Badonviller wonten ing wilayah Lorraine, Perancis, putra kaping sedasa saking sadulur ingkang gunggungipun kalih welas, bapanipun Francoise B. Grandblaise, ibunipun Nicolas Messier, piyambakipun putra saking penegak hukum. Nem sadulur sampun seda nalika tasih enèm, nalika taun 1741 bapanipun seda. Charles ingkang remen kaliyan astronomi amargi wonten komet spektakuler berekor enam nalika taun 1744 sarta wontenipun kadadosan gerhana matahari cincin ingkang saged dipunpirsani saking kutha kelairan nalika tanggal 25 Juli, 1748.

Nalika taun 1751 piyambakipun nyambut damel kaliyan Joseph Nicolas Delisle, astronom Angkatan Laut Perancis, ingkang ngutus piyambakipun supados njagi kanthi primpen cathetan-cathetan pangamatanipun. Pengamatan kaping pisan Messier ingkang dipun simpen awujud dokumen menika njlentrehakan babagan transite Merkurius nalika tanggal 6 Mei, 1753.

Nalika tanggal 1764, piyambakipun dados anggota Royal Society, tanggal 30 Juni 1770, Messier dipunangkat dados anggota Akademi Ilmu Pengetahuan Perancis.

Messier nate dipunpanggihi tiga welas komet [1]:

  • C/1760 B1 (Messier)
  • C/1763 S1 (Messier)
  • C/1764 A1 (Messier)
  • C/1766 E1 (Messier)
  • C/1769 P1 (Messier)
  • D/1770 L1 (Lexell)
  • C/1771 G1 (Messier)
  • C/1773 T1 (Messier)
  • C/1780 U2 (Messier)
  • C/1788 W1 (Messier)
  • C/1793 S2 (Messier)
  • C/1798 G1 (Messier)
  • C/1785 A1 (Messier-Mechain)

Cathetan Suku



{{subst:#if:|}} [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:1730}}

|| UNKNOWN | MISSING = Taun lair ora ana {{subst:#switch:{{subst:uc:1817}}||LIVING=(wong urip)}}
| #default = Lair 1730

}}]] [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:1817}}

|| LIVING  = Wong urip
| UNKNOWN | MISSING  = Taun pati ora ana
| #default = Pati 1817

}}]]

Cithakan:Link GA Cithakan:Link FA