Menyang kontèn

Badan Intèlijen Negara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Badan Intèlijen Negara, dicekak BIN, iku Lembaga Pemerintah Non Departemen Indonesia sing tugasé nglaksanakaké tugas pamaréntahan ing babagan intèlijen. Kepala BIN periode 2004 - 2009 yakuwi Mayjen (Purn) Syamsir Siregar sing nggantèkaké AM Hendropriyono.

Struktur organisasi

Struktur organisasi BIN wis diowahi pungkasan kanthi Peraturan Presiden Republik Indonesia No. 52/2005. Miturut Perpres kasebut BIN dipimpin déning sawijining Kepala BIN dibantu déning Wakil Kepala, siji Sekretariat Utama sing dipimpin déning Sekretaris Utama, siji Inspektorat Utama (dipimpin déning Inspektur Utama), limang Deputi lan lima Staf Ahli.

Di Indonesia khusus kanggo LPND (Lembaga Pemerintahan Non Departemen) wis ditetepaké standar nomenklatur Sekretaris Utama (mper fungsi Sekjen Departemen) lan Inspektur Utama (fungsiné mèmper Irjen Depertemen).

Sapepaké struktur organisasi BIN kaya ing ngisor iki :

  • Kepala
  • Wakil Kepala
  • Sekretariat Utama
  • Deputi Bidang Luar Negeri
  • Deputi Bidang Dalam Negeri
  • Deputi Bidang Kontra Intelijen
  • Deputi Bidang Pengolahan dan Produksi
  • Deputi Bidang Teknologi
  • Inspektorat Utama
  • Staf Ahli Bidang Politik
  • Staf Ahli Bidang Ekonomi
  • Staf Ahli Bidang Hukum
  • Staf Ahli Bidang Sosial Budaya
  • Staf Ahli Bidang Pertahanan dan Keamanan

Tugas pejabat BIN

Kepala BIN

Daftar Kepala BIN
Pangkat Jeneng Wiwit Nganti Katrangan
Jenderal (Purn.) A.M. Hendropriyono 2001 2004 Kabinet Gotong Royong
Mayor Jenderal (Purn.) Syamsir Siregar 8 Desember 2004 isih njabat Kabinet Indonesia Bersatu

Tugas kepala BIN:

  • mimpin BIN miturut peraturan perundang-undangan sing ana
  • nyiapaké kawicaksanan nasional lan kawicaksanan umum miturut tugas BIN
  • netepaké kawicaksanan teknis pelaksanaan tugas BIN sing dadi tanggung jawabé
  • mbina lan nglaksanakaké kerja sama karo instansi lan organisasi liya

Referensi

Pranala jaba